Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Singkat Bahasa Jawa

Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Singkat Bahasa Jawa

Dalam sebuah perhelatan ataupun acara besar yang mengundang banyak orang seperti resepsi pernikahan atau khitanan, ketika akan memulai acara biasanya tuan rumah atau shohibul bait akan menyampaikan pidato sambutan atau ucapan selamat datang kepada tetamunya. Dalam tatacara resepsi adat Jawa sambutan dari tuan rumah tersebut biasa disebut Atur Pambagyo Harjo atau atur pambagyo wilujeng.

Atur pambagyo harjo disampaikan untuk menyambut para tamu undangan dan ucapan terima kasih kepada para mitra, sanak saudara dan handaitaulan yang telah membantu terlaksananya acara. Umumnya tuan rumah akan meminta bantuan kepada orang yang dituakan, ketua RT/RW, kepala dusun, atau yang dipercayakan untuk menyampaikan sambutan tersebut. Tidak jarang juga tugas menyampaikan atur pambagyo harjo diserahkan kepada pranatacara manakala orang yang diminta bantuan tidak bisa hadir. Oleh karena itu, sebagai seorang pranatacara hendaknya juga mampu menguasai materi mengenai atur pambagyo harjo ini.

Sistematika Teks Atur Pambagyo Harjo

Isi dari atur pambagyo harjo sekurangnya memuat hal-hal sebagai berikut:
  1. Salam dan syukur
  2. Ucapan selamat datang
  3. Pemberitahuan mengenai hajat/acara yang sedang berlangsung
  4. Meminta doa
  5. Ucapan terima kasih
  6. Permohonan maaf

Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Singkat

Sebagai gambaran dan tambahan referensi, berikut ini saya berikan contoh teks atur pambagyo harjo temanten yang cukup singkat dan sederhana. Untuk contoh atur pambagyo harjo acara lainnya silakan disesuaikan saja sesuai kepentingannya.

Contoh 1. Atur Pambagyo Temanten Singkat

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Para sesepuh, pini sepuh, saha alim ulama ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang pantes sinudarsana. Bapa (nama tuan rumah) sakaluarga ingkang hamengkugati, Bapa (nama besan) sapendherek saking (nama daerah asal besan). Sagung para tamu, kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sumangga kita tansah angunjuaken raos puja puji lan syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufiq, hidayah, saha inayah dumateng kula lan panjenengan sami. Satemah saged kempal manunggal wonten dalemipun bapa (nama tuan rumah) kanthi wilujeng, widodo, ancas ing sambikala. Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah kaparingaken dumateng Nabi Ageng Muhammad SAW, Nabi ingkang dados "suri tauladan" dumateng kula lan panjenengan sami.

Para Bapak Ibu, kula (nama sendiri) cumanthaka lumarap atur anggempil kamardikaning suwasana bilih wonten ing siang menika Bapa (nama tuan rumah) sakaluarga paring dawuh dumateng kawula kinen dados talanging atur wonten adicara atur Pambagyaharja. Pramila, Bapa (nama tuan rumah) ingkang sapisan ngaturaken pambagya sugeng rawuh. Saha ngaturaken agenging panuwun awit rawuhipun bapa lan ibu sedaya.

Bapa (nama tuan rumah) sakaluarga wonten ing dinten punika ngaturi rawuh panjenengan sedaya nun inggih amargi badhe nyuwun tambahing doa lan pangestu. Bilih wonten ing dinten punika Bapa (nama tuan rumah) sakaluarga nembe hanetepi dharmaning tiyang sepuh, malakramaaken saha mahargya putra-putrinipun ingkang asesilih Rara Ayu (nama temanten putri) ingkang dipun dhaupaken kaliyan Nak Mas Bagus (nama temanten putra) ingkang ki dalem wonten ing (nama daerah asal temanten putra). Para bapak saha ibu bilih akad nikahipun temanten sarimbit sampun lumaksana kala wau tabuh (jam) wekdal nuswantara.

Sapindah malih, Bapa (nama tuan rumah) sakaluarga estu nyuwun tambahing pandonga. Mugi-mugi risang temanten sarimbit saged dados keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah, Warahmah. Amin, Amin Ya Rabbalalamin.

Ingkang pungkasan, bapa (nama tuan rumah) sakaluarga nyuwun pangapunten bilih anggenipun paring palenggahan, pasugatan, saha nanggepi rawuh para tamu dereng saged dadosaken suka renaning penggalih bapak-ibu sedaya.

Punika ingkang saged kawula aturaken, menawi kathah lepatipun kulo nyuwun ngapunten.
Nuwun matur nuwun. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Contoh 2. Atur Pambagyo Harjo Temanten

Assalamua'laikum Wr Wb.
Kulanuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinormatan. Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana. Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan manton..(panitia acara).. ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika, Bapa..(nama tuan rumah)..sekalian angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa.. (nama tuan rumah).. sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri)..dahup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan)..ingkang pidalem ing..(alamat besan). Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu akad nikah jika sudah terlaksana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

Winantu pangajabing sedya saking Bapa..(nama tuan rumah)...sarimbit, mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit sageta tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi, sakinah mawaddah wa rahmah, saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.
Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen Bapa..(nama tuan rumah).. sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..(nama tuan rumah).. sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju.

Pepuntaning atur saking bapa..(nama tuan rumah).. sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan. Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

Contoh 3. Atur Pambagyo Harjo Temanten

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni, para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken ngunjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun nikmat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya. Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa (nama tuan rumah) dalasan Ibu (nama tuan rumah) wonten kalenggahan punika kepareng matur:

Sepisan, Bapa Ibu (nama tuan rumah) ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara (nama pengantin putri) dhaup kaliyan Bagus (nama pengantin putra), putra kakungipun Bapa (nama besan) – Ibu (nama besan). Saking (alamat besan).

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten (hari tanggal akad nikah) watawis tabuh (jam akad nikah), mapan wonten dalem (alamat ijab qabul) kanthi wilujeng nir ing sambikala. Saklajengipun wekdal punika Bapa Ibu (nama tuan rumah) ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu (nama tuan rumah) sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu (nama tuan rumah) ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu (nama tuan rumah) mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti Allah Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu (nama tuan rumah) sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersaa paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang sakinah mawaddah warohmah, kanthi Ridlaning Allah SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Sinaosa Bapa Ibu (nama tuan rumah) sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.
Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.

Post a Comment for "Contoh Teks Atur Pambagyo Harjo Singkat Bahasa Jawa"